Kadipaten Pakualaman

Call Directions Website Contact the organization

Kadipaten Pakualaman Laman resmi Kadipaten Pakualaman Ngayogyakarta

X :
You Tube : Pura Pakualaman
Instagram :

Kadipaten Pakualaman merupakan satu dari empat praja kejawen yang ada di Yogyakarta dan Surakarta.
didirikan pada tahun 1812 oleh Pangeran Notokusumo putra Sinuwun HB I.
Pangeran Notokusumo kemudian bergelar "Sampeyan Dalem Kangjeng Gusti Pangeran Adipati Paku Alam I"

Minangka pengetan hadeging ka-221 taun Jawi, Kadipaten Pakualaman ngadani Sayembara Jemparingan Mataraman tumrap pelajar...
20/10/2026

Minangka pengetan hadeging ka-221 taun Jawi, Kadipaten Pakualaman ngadani Sayembara Jemparingan Mataraman tumrap pelajar. Mapan ing Lapangan Panahan Kopertis, 300 pelajar mupu sayembara punika kanthi kebak greget anggenipun nglestantunaken budaya punika.

Anggenipun manah, para pelajar SD kedah mandengi bandhul ingkang mawa antara 20 meter. Dene pelajar SMP letipun 25 meter lan 30 meter kangge pelajar SMA/SMK.

Lumantar kirdha punika kaajab saged ngindhakaken kaprigelan, olah rasa tuwin nglarasaken sarehing manah lan lantiping pikir nalikanipun jemparingan.
____

Dalam rangka Hadeging Kadipaten Pakualaman Ke 221 Tahun Jawa, Sayembara Jemparingan Mataraman mempertemukan 300 peserta di Lapangan Panahan Kopertis dalam semangat merawat warisan dan meneruskan nilai-nilai luhur budaya Jawa.

Dari jarak 20 meter bagi tingkat SD, 25 meter bagi SMP, hingga 30 meter bagi SMAVSMK setiap bidikan menjadi perjalanan tentang konsentrasi, Ketepatan, dan pengendalian diri.

Melalui jemparingan diharapkan peserta dapat menjaga keseimbangan antara raga, rasa, dan pikiran. Kejuaraan memang bukan yang utama, namun semangat berproses dan menjaga tradisi agar terus hidup lintas generasi adalah yang lebih utama.

Hamengeti dinten wiyosan-dalem K.G.P.A.A. Paku Alam X, inggih punika Setu Kliwon, Pura Pakualaman ngawontenaken maneka a...
10/10/2026

Hamengeti dinten wiyosan-dalem K.G.P.A.A. Paku Alam X, inggih punika Setu Kliwon, Pura Pakualaman ngawontenaken maneka adicara.

Adicara kawiwitan rikala malem Jemuwah Wage, 8 Oktober 2026, tabuh 19.00 kanthi ngawontenaken Macapat ing Tratag Bangsal Sewatama. Ing malem Setu Kliwon 9 Oktober 2026, dipunwontenaken Uyon-uyon Muryararas mapan ing Kagungan Dalem Bangsal Sewatama ingkang ugi kagiyaraken lumantar YouTube Pura Pakualaman.

Dinten Setu Kliwon, 10 Oktober 2026, siyang mapan ing Lapangan Kestalan dipunwontenaken Jemparingan Mataraman. Kalajengaken Upacara Ganti Dwaja ing wanci sontenipun wonten ing Regol Danawara.

-------------

Memperingati hari kelahiran K.G.P.A.A. Paku Alam X yang bertepatan pada hari Sabtu Kliwon, 10 Oktober 2026, Pura Pakualaman menggelar berbagai acara.

Rangkaian acara dimulai pada Kamis malam, 8 Oktober 2026, dengan diadakannya Macapat di Tratag Bangsal Sewatama. Pada Jumat malam, 9 Oktober 2026, diadakan Uyon-uyon Muryararas bertempat di Bangsal Sewatama, disiarkan langsung melalui kanal YouTube Pura Pakualaman.

Hari Sabtu Kliwon siang, 10 Oktober 2026, diadakan Jemparingan Mataraman di Lapangan Kestalan. Acara kemudian dilanjutkan Upacara Ganti Dwaja Jaga pada sore hari di Regol Danawara.

Kridha Sayembara Tari Klasik Gagrag Pakualaman ginelar ing Kagungan Dalem Pendhapa Kepatihan Pakualaman rika Ngahad Wage...
07/10/2026

Kridha Sayembara Tari Klasik Gagrag Pakualaman ginelar ing Kagungan Dalem Pendhapa Kepatihan Pakualaman rika Ngahad Wage, 4 Oktober 2026, minangka rerangken pengetan Hadeging Kadipaten Pakualaman ka-221 taun Jawi. Gunggung wonten 116 pamupu wiwit saking SD ngantos mahasiswa lan masyarakat umum ingkang temen anggenipun mbeksa gagarak Pakualaman kadosta Beksan Kudha Manggala lan Tyas Muncar.

Kridha punika kaajab saged dados sarana ngleluri seni lan tradisi. Lumantar beksan ingkang endah punika, suraos piwulang-piwulang luhur budaya boten namung winates salebeting pasugatan kemawon, nanging mugi tansah gesang regeng lan lestantun minangka warisan luhur budaya.

__

Ajang Lomba Tari Klasik Gagrag Pakualaman resmi digelar di Kagungan Dalem Pendapa Kepatihan Pakualaman pada Ahad Wage, 4 Oktober 2026, sebagai rangkaian peringatan HKPA ke-221 Tahun Jawa. Sebanyak 166 peserta dari tingkat SD hingga Mahasiswa/Umum tampak antusias membawakan delapan ragam tarian, mulai dari Kuda Manggala sampai Tyas Muncar.

Bagi lintas generasi yang hadir, panggung ini menjadi wadah merawat tradisi dan ingatan bersama. Lewat setiap gerak dan disiplin yang ditampilkan, nilai-nilai luhur budaya tidak hanya berhenti pada pementasan, melainkan terus hidup diwariskan dari masa ke masa.

Salebeting Pengetan Hadeging Kadipaten Pakualaman ka-221 Jawi, ginelar Festival Langen Siwi tingkat DIY & Jawa Tengah ri...
06/10/2026

Salebeting Pengetan Hadeging Kadipaten Pakualaman ka-221 Jawi, ginelar Festival Langen Siwi tingkat DIY & Jawa Tengah rikala Setu Pon, 3 Oktober 2026. Mapan dhateng Kagungan Dalem Pendhapa Kepatihan Pakualaman, kirdha punika kaajab saged dados sarana anggegulang seni lan tradisi mliginipun tumrap para mudha.

Pasugatan ingkang ngemu tarian ugi tembangan punika ngedahaken para paraga mulat rasa supados saged nyariosaken lampahan pasugatan. Lumantar Langen Siwi, kababar piwulang budi pekerti, tradisi, tuwin unggah-ungguh ing pangajab saged tumanjem ing manah mliginipun para mudha.
____

Dalam rangka peringatan Hadeging Kadipaten Pakualaman ke-221 Tahun Jawa, Festival Langen Siwi Tingkat DIY dan Jawa Tengah sukses digelar pada Sabtu Pon, 3 Oktober 2026. Bertempat di Kagungan Dalem Pendapa Kepatihan Pakualaman, acara ini menjadi ruang bertemunya seni, tradisi, dan generasi penerus.

Melalui pertunjukan yang memadukan lima tembang (tiga wajib dan dua bebas) dengan gerak serta ekspresi, para peserta tidak sekadar bernyanyi, melainkan juga bercerita. Lewat kreativitas inilah nilai pendidikan, budi pekerti, dan pesan moral diwariskan agar terus hidup dan membekas di hati generasi penerus.

Minangka pengetan Hadeging Kadipaten Pakualaman ka-221 taun Jawi, dipunwontenaken Lomba Literasi Aksara Jawa tingkat Nas...
28/09/2026

Minangka pengetan Hadeging Kadipaten Pakualaman ka-221 taun Jawi, dipunwontenaken Lomba Literasi Aksara Jawa tingkat Nasional.

Kanthi mapan ing Kagungan Dalem Pendhapa Kepatihan Pakualaman, kridha kasebat dipunestreni dening 167 pelajar SMP lan SMA/sederajat tuwin 37 pamupu kategori Mahasiswa/Umum.

Lumantar kridha kasebat kaajab anggenipun nglestantunaken budaya boten namung anjagi warisanipun, nanging ugi tepang, nyinaoni tuwin tansah grengseng ngginakaken aksara Jawa minangka peranganing budaya.
____

Dalam rangka memperingati Hadeging Kadipaten Pakualaman Ngayogyakarta ke-221 Tahun Jawa, diselenggralan Lomba literasi Aksara Jawa Tingkat Nasional pada Sabtu, 26 September 2026, di Kagungan Dalem Pendapa Kepatihan, Pura Pakualaman.

Sebanyak 204 peserta turut berpartisipasi, terdiri dari 167 peserta kategori Pelajar SMP dan SMA/Sederajat serta 37 peserta kategori Umum.

Melalui kegiatan tersebut, diharapkan dalam melestarikan budaya bukan sekadar menjaga apa yang telah diwariskan, tetapi juga mengenal memahami, menghidupkan, dan meneruskannya.

Minangka hamengeti Hadeging Kadipaten Pakualaman ka-221 taun Jawi, kawontenaken sayembara Mewarnai Motif Batik Pakualama...
21/09/2026

Minangka hamengeti Hadeging Kadipaten Pakualaman ka-221 taun Jawi, kawontenaken sayembara Mewarnai Motif Batik Pakualaman.

Kridha punika katindakaken ing dinten Minggu enjang,surya kaping 20 September 2026, mapan ing Tratag Bangsal Sewatama Pura Pakualaman.

Sayembara kaperang dados tigang kategori peserta nenggih kategori pra-TK & TK, kategori SD Kelas 1-3, tuwin kategori Anak-anak/Remaja Kebutuhan Khusus.

Lumantar kridha punika kaajab sageda ngraketaken rasa tuwin batin kulawarga, ugi saged nuwuhaken raos remen lan handarbeni tumrap batik.

----------------

Dalam rangka memperingati Hadeging Kadipaten Pakualaman ke-221 (Tahun Jawa), diadakan Lomba Mewarnai Motif Batik Pakualaman.

Kegiatan ini dilaksanakan pada hari Minggu, 20 September 2026, bertempat di Tratag Bangsal Sewatama Pura Pakualaman.

​Lomba terbagi menjadi tiga kategori peserta tim keluarga, yaitu kategori pra-TK & TK, kategori SD Kelas 1–3, dan kategori Anak-anak/Remaja Kebutuhan Khusus.

Melalui ajang kreativitas ini, diharapkan dapat mempererat keharmonisan keluarga sekaligus menumbuhkan kecintaan generasi muda terhadap kelestarian warisan budaya batik.

HamengĂŞti dintĂŞn wiyosan-dalĂŞm K.G.P.A.A. Paku Alam X ingkang kebeneran tumiba ing dinten Setu Kliwon, Pura Pakualaman n...
08/09/2026

Hamengêti dintên wiyosan-dalêm K.G.P.A.A. Paku Alam X ingkang kebeneran tumiba ing dinten Setu Kliwon, Pura Pakualaman nyelenggarakaken rerangkèn adicara adat saha budaya ingkang kebak makna lan kaagungan.
Dinten Kemis dalu (03/09), kalampahan Macapatan ing Tratag Bangsal Sewatama. Dinten Jemuah dalu (04/09) kalampahan Uyon-uyon Muryararas ing Bangsal Sewatama kanthi swasana ingkang endah lan nyantosakaken manah.
Salajengipun, dinten Setu Kliwon siyang (05/09), kalampahan Jemparingan Mataraman ing Lapangan Kistalan, nglambangaken kaprigelan saha kasabaran.
Wonten malih ing sontenipun (05/09), kalampahan Upacara Ganti Dwaja Jaga ing Regol Danawara kanthi khidmat lan linangkung wigati.
Mugi kita sedaya tansah ndedonga, nyuwun karahayon, kabegjan, saha berkah dhumateng Dalem K.G.P.A.A. Paku Alam X, ugi mugi kabudayan Kadipaten Pakualaman tansah lestantun lan sumunar ngantos tembe mburi.

---
Dalam rangka memperingati hari kelahiran K.G.P.A.A. Paku Alam X yang bertepatan pada hari Sabtu Kliwon, Pura Pakualaman menyelenggarakan serangkaian acara adat dan budaya. Hari Kamis malam (03/09) dilaksanakan Macapatan di Tratag Bangsal Sewatama lalu pada Jumat Malam (04/09) diadakan Uyon-uyon Muryararas bertempat di Bangsal Sewatama.
Kemahiran dan konsentrasi dalam Jemparingan Mataraman di Lapangan Kistalan pada Sabtu Kliwon Siang (05/09) dilanjut pada sore harinya (05/09) di Regol Danawara di adakan Upacara Ganti Dwaja Jaga yang penuh khidmat.
Mari bersama-sama mendoakan keselamatan dan keberkahan bagi K.G.P.A.A. Paku Alam X serta kelestarian budaya Kadipaten Pakualaman.

Mulud Nabi Muhammad SAW ing Kadipaten Pakualaman Ngayogyakarta dipunpengeti kanthi ngawontenaken Upacara Adat Miyos Gang...
27/08/2026

Mulud Nabi Muhammad SAW ing Kadipaten Pakualaman Ngayogyakarta dipunpengeti kanthi ngawontenaken Upacara Adat Miyos Gangsa Sekati Alit saha Paring Sedhekah-Dalem ing dinten Rebo, 26 Agustus 2026 ing Regol Danawara.
Gangsa Sekati Alit Kagungan Dalem Kadipaten Pakualaman Kyai Kombang Tawang saha Nyai Madusedana dipuntabuh minangka perangan pengetan Maulud Nabi. Ing wekdal punika ugi katindakaken Paring Sedhekah-Dalem awujud sekul gurih ingkang dipunbagekaken dhumateng masarakat umum minangka wujud rasa sukur saha nyebar berkah.

---------

Maulud Nabi Muhammad SAW di Kadipaten Pakualaman Ngayogyakarta diperingati dengan melaksanakan Upacara Adat Miyos Gangsa Sekati Alit dan Paring Sedhekah-Dalem pada 26 Agustus 2026 di Regol Danawara.
Gangsa Sekati Alit Kagungan Dalem Kadipaten Pakualaman Kyai Kombang Tawang dan Nyai Madusedana ditabuh sebagai bagian dari peringatan Maulud Nabi. Saat itu juga dilaksanakan Paring Sedhekah Dalem berupa nasi gurih yang dibagikan kepada masyarakat umum sebagai wujud rasa syukur dan berbagi berkah.

Putra Dalem B.P.H. Kusumo Bimantoro kadherekaken K.R.M.T. Kusumo Aminoto sowan ing serambi Kagungan Dalem Masjid Gedhe K...
26/08/2026

Putra Dalem B.P.H. Kusumo Bimantoro kadherekaken K.R.M.T. Kusumo Aminoto sowan ing serambi Kagungan Dalem Masjid Gedhe Karaton Ngayogyakarta Hadiningrat minangka narpacundaka S.D.K.G.P.A.A. Paku Alam X salebeting hajad Dalem Pengetan Wiyosan Dalem Kangjeng Nabi Muhammad SAW.

Sarawuh Dalem Ngarsa Dalem Kangjeng Sultan lajeng tumuju Pagongan Kidul saha Heler, paring udhik-udhik dhateng kawula Dalem ingkang sami seba. Sasampunipun punika, upacara kalajengaken kanthi pamaosing Risalah Nabi Muhammad SAW saking kanca Abdi Dalem Pengulon.
--------------
Putra Dalem B.P.H. Kusumobimantoro dan K.R.M.T. Kusumoaminoto hadir di Serambi Kagungan Dalem Masjid Gedhe Karaton Ngayogyakarta Hadiningrat sebagai utusan S.D.K.G.P.A.A. Paku Alam X dalam hajad Dalem Peringatan Maulid Nabi Muhammad SAW.

Sri Sultan Hamengku Buwono X berkenan hadir, kemudian menuju Pagongan Lor dan Kidul untuk membagikan udhik-udhik kepada masyarakat yang turut serta. Setelah itu, Ngarsa Dalem berkenan duduk di serambi mendengarkan pembacaan riwayat Nabi Muhammad SAW oleh para Abdi Dalem Pengulon.

Amengeti Maulud Nabi Muhammad SAW, Kadipaten Pakualaman Ngayogyakarta ngawontenaken adicara Waosan Risalah Nabi Muhammad...
26/08/2026

Amengeti Maulud Nabi Muhammad SAW, Kadipaten Pakualaman Ngayogyakarta ngawontenaken adicara Waosan Risalah Nabi Muhammad SAW ingkang katindakaken ing dinten Selasa, 25 Agustus 2026 ing Masjid Ageng Pakualaman. Adicara punika lumampah khidmad, dipunestreni para abdi dalem lan masarakat.
​Waosan Risalah Nabi Muhammad SAW minangka upaya nuladani lampah lan kamulyan Nabi Muhammad SAW saha wujud sukur dhumateng Gusti Allah.

--------

Dalam rangka memperingati Maulud Nabi Muhammad SAW, Kadipaten Pakualaman Ngayogyakarta diadakan acara Pembacaan Risalah Nabi Muhammad SAW yang dilaksanakan pada Selasa, 25 Agustus 2026 di Masjid Besar Pakualaman. Acara tersebut berlangsung dengan khidmat, dihadiri oleh para abdi dalem Pakualaman dan masyarakat.

Pembacaan Risalah Nabi Muhammad SAW merupakan upaya meneladani perjalanan dan kemuliaan Nabi Muhammad SAW serta sebagai wujud syukur kepada Allah SWT.

Address

Jalan Sultan Agung, Purwokinanti, Pakualaman
Yogyakarta City
55166

Opening Hours

Monday 09:00 - 15:00
Tuesday 09:00 - 15:00
Wednesday 09:00 - 15:00
Thursday 09:00 - 15:00
Friday 09:00 - 14:00
Saturday 09:00 - 12:00

Telephone

+6288806621900

Alerts

Be the first to know and let us send you an email when Kadipaten Pakualaman posts news and promotions. Your email address will not be used for any other purpose, and you can unsubscribe at any time.

Contact The Organization

Send a message to Kadipaten Pakualaman:

Shortcuts

Share